Sejatining Manungsa iku

Sejatining Manungsa iku... Ciptaaning Gusti kang Maha Kuasa, sing paling mulya, di sangoni ati nurani sing di kanggo milih apik orane apa sing diadhepi urip nang jroning dunya...kudu ngerti dining tambah suwi tambah akeh le nyerap saka kahuripan iki..ndhi sing ireng ndhi sing putih...ngilo karo werna kuwi ora iso di dhelok saka rupa njabane...putih tapi njerone ireng lan ireng njerone putih..
Nanging Gusti Allah maringi urip kabeh apik nyatane saka lemah manungsa di gawe yo kabeh karo isine kuabeh yo apik pastine...
Ya mestine sejatine Manungsa iku kudune yo apik...apik sakabehane...nek iso.. Ya kudu iso njaga keseimbangane urip kanggo awak dewe yo uga kanggo mahluk sing ana lan urip bareng ning dunya iki...
Sejatining Manungsa kudu dadi pengimbange dunya lan kudu maturnuwun marang Gustine kanggo kuabeh sing ditrimo ing dunyo iki..
Pahit lan manis se urip iku Gusti maringake ora mung dicul ngono.. Gusti nduwe tujuan lan pengen apa sing di trima ing dunya iku dadi pembelajaran Manungsa iku dewe..ben iso milih apik orane cocok orane yen di terapake ing njroning kahuripan
Sifate kang Maha Kuwi mau ora di gunake sing ora ora Manungsa, Gusti Maha ngabulke apa sing dadi panjaluke Manungsa ya kadang penjaluke Manungsa ana sing apik yo ana sing elek, iku ngono kabeh di kabulke ..nanging...dosane di tanggung dewe dewe...sakjane rikala njaluk Manungsa kuwi wis ngerti arti penjaluke...
Gusti nyiptake Manungsa dasare apik lahir batin nanging ajaran sing di serap malah sering ora apik lan ora ngregani kahuripan...conto nyata akeh Manungsa saiki ora tepaslira marang Manungsa liyane ya uga marang mahluk urip liyane ya karo alam witwitan lan kewan... Akibat ora ngregani alam kuwi mau kahanan alam sing di panggoni iki rusak, alam dadi ora seimbang dadine mengganggu stabilitas kahuripan ing dunya.
Maka saka kuwi dadi Manungsa sejatining kudu mbalik marang ajarane Gusti sing nyata nyata apik sakabehane lan saiki dadi Manungsa kudu sadar saka njeroning atine dewe dewe linuwih apik yen milih apa wae sing arep dilakoni iku iso apik kanggo awak dewe kanggo Manungsa liyane ya uga apik kanggo alam sekitare. Pada urip ing dunya ayo pada njaga kanggo anak turun lan sak teruse.... demikian pesan Nyai Wiwitan(NRifa_06022010)

Komentar

Postingan Populer